BAB I
PURWAKA
1.1 Latar Belakang
Karya sastra Jawa iku mesthi wae duweni unsur – unsure estetik kang
mangun karya sastra iku. Banjur apa wae unsur – unsur estetik kang mangun karya
sastra Jawa iku ?. Yen dipriksani karya
sastra Jawa awujud gancaran utawa puisi
iku akeh – akehe nggunakake unsure –unsur estetik supaya tambah endah lan
moncer ukarane lan yen ing geguritan utawa ing tembang mesthi wae nggampangake anggone ngapalake.
unsur – unsur karya sastra Jawa iku akeh banget umpamane : Purwakanthi,
pepindhan, sanepa, isbat, paribasan, bebasan, saloka, candra, pralambang, basa
blenderan, basa prenesan (hiasan) lan basa rinengga, kabeh mau biyasane
kadhapuk neng Bagunan Basa. Nanging unsur – unsur estetik mau ora bisa dirembug
kabeh ing makalah iki, ing makalah iki mung telu kang unsur kang arep dirembug,
yaiku Purwakanthi, pepindhan, lan paribasan. Saka telung unsur iku kapantha -
pantha manut jinising :
1.
Apa tegese purwakanthi lan ana pira jinising
purwakanthi. Banjur purwakanthi biyasane digunakake kanggo apa ?
2.
Apa tegese pepindhan lan jinising pepindhan ?
3.
Apa tegese pepindhan lan tuladhane apa wae ?
Pitakonan mau
kang bakal karembug ing makalah iki
1.2 Tujuan
Apa ta sing dadi ancase ana ing makalah iki ? sing dadi ancas utawa kang
kudu oleh kawigaten kang mirunggan yaiku unsure estetik karya sastra Jawa,
jalaran unsur – unsur mau kang bisa gawe endah lan kepenak yen diwaca. Kanthi
mengkono yen wis
ngerti unsur – unsur kang mangun karya sastra Jawa mau mesthi wae pawongan kang
arep miwiti nulis lan nggawe karya sastra Jawa bakal mbumboni karya sastra kang
diangget mau nganggo unsur – unsur estetik supayane karyane mau dadi endah.
Muga – muga makalah iki bisa nambah pemahaman ngenani perang – perangane
tembung kriya.
BAB II
ISI
2.1 Purwakanthi
Purwakanthi tembung camboran pamore
tembung “Purwa” karo tembung “Kanthi” Purwa tegese wiwitan dene kanthi tegese
gandherng.Purwakanthi maksude nggandheng kang kasebat ing purwa
(wiwitan).disebut maneh ana ing buri dene kang digandheng lan disebutake maneh
ana ing perangan buri yaiku swara, sastra (aksara) utawa basa (tembung). (2007
:74) Padha karo pamanggihe ngatenan (1995:43)
Purwakanthi tegese ngandheng kang wis
kasebut ana ing ngarep utawa wiwitan. dene kang digandheng iku swarane,utawa
aksarane, terkadang tembunge.
Dadi purwakanthi iku intine/wose nggandheng kang wis di sebutake ning ngarep disebutake maneh
ana ing buri.
Subalidinata (1968
: 57) Purwakanthi tegese nggandheng karo ngarep. kang dikarepake, purwakanthi
yaiku gandhenging swara buri karo swara kang wis kacetha ing ngarep.
Purwakanthi iku
kegolong dadi telu yaiku
2.1.1 Purwakanthi
guru swara
Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang nunggal swara, purwakanthi
guru swara akeh kanggone kaya ana ing paribasan, saloka, cangkriman, lelagon, wangsalan,
parikan, geguritan, ing panyandra, ing basa panatacara tuwin pamedhar sabda,lan
liyane isih akeh maneh (biyasane yen
purwakanthi guru swara iku kang padha
swara vocal) tuladhane :
2.1.1.1 Ing paribasan.
·
Entek golek kurang amek (nunggal swara ek)
·
Tuna satak (dhuwit ),bati sanak (padha swara ak)
2.1.1.2 Ing Saloka
·
kutu marani sunduk
·
Gajah ngidhak rapah (Wong kang nglanggar marang
wewalere dhewe)
·
Asu gedhe menang kerahe ( wong kang gedhe penguasane yen prakaran karo wong
cilik,racage menang sing gedhe anarga kuwasa).
2.1.1.3
Ing Cangkriman
·
Gajah nguntal sangkrah. Luweg, keren (pawon)
·
Sawah rong kedhok, galengane sitok (godhong gedhang)
·
Pak Demang klambi abang, disunduk
manthuk-manthuk (jantung kembang gedhang)
2.1.1.4 Ing Lelagon
Lelagon dolanan bocah –bocah ,kabeh isi purwakanthi guru
swara kayata menthong-menthong, kembang jagung,kupu kuwe, manuk-manuk dipanasi lan
sapanunggalane .Kajaba iku lagu-lagu campursari uga akeh kang nganggo
purwakanthi guru swara ,kaya lagune Didi kempot kang judule Sekonyong-konyong
koder
·
Cintaku sekonyong-konyong koder, karo kowe cah
ayu sing bakul lempar,lempere pancen super,resek tur anti laler,yen ra pethuk
neng ati rasa blinger.
2.1.1.5 Ing Wangsalan
·
Rambut lati, peken alit pinggir kali. (rawis
warung) aja awis,sinau yen during waris
·
Suryaputra, tawon alit mungguwing krisma(Karna,tutur)
waspadakna ditutur tumrap wong mudha.
2.1.1.6
Ing Parikan
·
Kembang adas, sumber tengahing alas,tuwas-tuwas,ngalabuhi
wong ora waras.
·
Rujak dhondhong pantes yen wadahi lodhong, ati
njontong ngenteni wong ora condhong.
·
Plesir sore dina minggu, ngeser kowe ora kewetu.
2.1.1.7
Ing geguritan
Kaanan jaman saiki
Sifat pemudha-mudhi
Srawungane saya ndadi ( nunggal swara “i” )
Raket wewekane sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawung sarwo ati-ati
Yen nganut wasiteng kuna
Priya srawung lan wanita
Nerak ing laku susila (
nunggal swara “ a” )
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa
2.1.1.8 Ing Payandra
·
Tindakipun risang penganten putri, ginarubyuk
dening para remaja putri, satuhu sulistiya ing warni, ingkang ngaggem busana
sarwa sami, lamun cinandra pindha kirabing para hapsari.
2.1.1.9 Ing Basa Panatacara Tuwin Pamedharsabda.
·
Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula,
jejering titah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang maha
Kuwasa, awit sangking punika sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken
hangunjukaken puja – puji syukur sahandhap pepadhaning Gusti ingkang murba ing
dumadi…………….
2.1.2 Purwakanthi Guru Sastra.
Purwakanthi
guru sastra yaiku purwakanthi kang nunggal sastra. Tuladhane :
2.1.2.1 Purwakanthi guru sastra ing ukara
·
Madat, madon, main, mangan, minum, menawa die mi
– emi mesthi munggel luhuring dhiri. (nunggal sastra “m”)
·
Kanthi titis, tatas, tetes, terang, tarwaca
menggah atur pangandikanipun Bp Lurah kinarya pangarsaning praja. ( nunggal
sastra “t” )
·
Pamilihmu wanita kang nedya kaalap, kanthi
ngelengana bobot, bibit, bebet. ( nunggal sastra “b” )
·
Wong urip iku kudu tegen, regen, lan mugen. (
nunggal sastra “g”)
·
Dewi wara Sambadra polatane ruruh, tindak
tanduke sarwa rereh, ririh angarah – arah. ( nunggal sastra “r” )
·
Aku ora cocog, yen kowe seneng nacad cirining
liyan ( nunggal sastra “c”
2.1.2.2 Purwakanthi guru sastra sinawung
ing tembang.
·
Mijil ( Srikandhi maguru manah )
Toya mijil sangking lambung wukir, gumrojong
toyanjog, (nunggal sastra “J”)
tirta jroning jurang gumarenjeng, lir tinalang
kekalihe mili ( nunggal sastra g )
tetilase limit, lelumute lunyu. ( nunggal sastra
“l” )
·
Wirangrong
Karerantan rontang – ranting ( nunggal
sastra “t” )
Rentenging tyas gung katongton ( nunggal
sastra “g” )
Katetangi panggrantesing kalbu ( nunggal
sastra “g” )
Brantaning tyas kadi ( nunggal sastra “t”
)
Narawung kawistara
Surem kucem kang wadana
2.1.3 Purwakanthi Guru Basa utawa Lumaksita
Purwakanthi
guru basa utawa lumaksita yaiku purwakanthi kang nunggal basa ( tembung ).
Purwakanthi guru basa sok tinemu ing wangsalan lan ing cakepan tembang, tembang
kang cakepane mawa purwakanthi basa njalari kepenak dirungokake lan gampang
diapalake. Miturut pamanggihe Subalidinata ( 1968 : 62 )
Purwakanthi lumksita ateges lumaku, ing kene tembung
– tembung utawa ukara buri runtut karo tembung – tembung ngarepe. Runtute
tembung ora mesthi satembung wutuh, kadang kala mung saperangan utawa sawanda
bae, mila ukarane uga katon runtut lan sambung – sinambung kepenak dirungokake.
Tuladhane :
2.1.3.1 Purwakanthi
guru basa ing wangsalan.
·
Tepi wastra,
wastra kang tumrap mustaka. (kumada, iket ) para mudha ngudia angiket basa
·
ngreka puspa,
puspa nedheng mbabar gandha. (nggubah, mekar) nggubah basa, mrih mekar
landheping rasa.
·
sayeng kaga,
kaga kresna mangsa sawa. ( ……, gagak) wong susila lagake anuju prana.
·
mong ing tirta,
tirta wijiling sarira. ( baya, kringet ) sapa baya, banget ngudi basa Jawa
2.1.3.2.
Purwakanthi guru basa sinawung ing tembang
·
Dolanan bocah
Tanggal siji,
jiman tholo, lobaklopis, pistaraja,
joko bagus, gusti kula, lombok abang,
bangku dhuwur, wura- wuri, rina
wengi, ngidul ngulon, landa mendem, demakijo, jothakanka,
kulan kana.
·
Dandhanggula.
Sasmitaning ngaurip puniki
Apan ewuh yen nora weruha
Tan jumeneng ing uripe
Akeh kang ngaku
– aku
Pangrasane
sampun udani
Tur durung weruh
ing rasa
Rasa kang
satuhu
Rasaning rasa punika
Upayanen darapon sampurna ugi
Ing kauripanira
2.2 Pepindhan
Tembung pepindhan asale saka tembung lingga “pindha” dumadine tembung pepindhan sarana
dirangkep purwane lan oleh panambang –an. Tembung pindha tegese kaya, dasanamane
: kadi, kadya, lir, pendah, yayah. Tembung pepindhan ateges irib – iriban emper
–emperan, pepadhan tetandhingan, dadi kang diarani pepindhan yaiku unen – unen
kang ajeg panganggone, ngemu surasa irib – iriban, emper – emperan, pepadhan,
utawa tetandhingan. Dene ngafenan. ( 1995 : 30 ) mertelakake yane pepindhan iku
unen – unen kang ngemu surasa pepadhan utawa emper – emperan.
Pepindhan ana kang kadhapuk nganggo ukara kang mawa tembung
pindha utawa dasanamane, ana kang tanpa tembung pindha utawa dasanamane nanging
ukara iku ngemu surasa irib – iriban, emper – emperan, pepadhan utawa
tetandhingan.
2.2.1 Pepindhan Mawa Tembung Pindha utawa
Dasanamane
·
kuwating manunggal tekade priyagung telu (dokter
Cipta Mangun Kusuma, R. M Suryadi suryaningrat, lan dokter Douwes Dekker /
Setya Budi ) pindha jaget kinatelon.
Janget
= tali walulang, kinatelon =
dirangkep telu
·
Swarane kaya mbelah – mbelahna bumi, sasat
manengker wiyat. ( manengker linggane tengker = mbelah, nyigar. Wiyat = awiyat,
langit
·
Rupane kaya jambe siniga. ( yaiku rupa utawa
praen kang meh padha, nganti angel dipisahake )
·
Pasedulurane kaya banyu karo lenga. ( banyu karo
lenga iku ora bisa campur, yen diwadhahi ana ing gendul umpamane banyu ana ing
ngisor lengane ana ing dhuwur ateges pasedulurane aora bisa raket utawa akur )
·
Rukune kaya mimi lan mintuna. ( mimi lan mintuna
iku bangsane kewan segara , mimi iku wadon dene mintuna iku kang lanang, yen
sesaba prasasat ora tau renggang sajari, pepindhane iku ateges raket utawi
sajuk banget ).
2.2.2 Pepindhan Mawa Tembung Andhahan kang ngemu
surasa pindha.
·
Brengose Werkudara nguler keket, brengose
Dursasana ula ngelangi, dene brengose Hitler nglaler mencok. (kaya uler keket,
kaya ula ngelangi, kaya laler lagi menclok ).
·
Dedege ngringen sungsang. ( dedege kaya wit
wrigin disungsang ( diwalik) yaiku kahananing awake perangan ngisor ( wiwit saka bokong )
njebobog gedhe, perangan sing ndhuwur cilik.
·
Dewi Anjani tapa nyanthuka. ( kaya canthuka,
kaya kodhok, maksude dhepepes ing dhampeng ).
·
Jarite suwek nyangkem kodhok. ( suweke awangun
kaya cangkem kodhok yaiku awangun maju
telu ).
·
Kerise awarangka gayaman. ( wangune kaya woh
gayam )
·
Parine wis
gumadhing. ( warnane putih semu kuning kaya warnane gadhing gajah )
2.2.3 Pepindhan tanpa tembung pindha
·
Wangsulane saur manuk. ( wangsulane wong akeh
swarane mung sawerna ora bebarengan, kayata kabeh mangsuli nggih, nggih….utawa
sendika, sendika…..)
·
Garasi iku akeh kang awangun gedhang salirang. (
mung mawa empyak siji asaka papat ).
·
Gawe nam – naman menyan kobar iku ora angel.
(menyan kobar = nam – naman awarna kaya
menyan kobong yaiku ireng lan putih, kang lumrah dienam menyan kobar yaiku rana
(aling – aling ) lan patang aling ).
·
Keris nganggo kembang kacang lan lambe gajah. (
Kembang kacang = rerengan wilahan keris
awangun kaya kembang kacang. Lambe gajah = rerengan wilahan keris awangun kaya
lambe gajah ).
2.3 Paribasan.
Paribasan yaiku unen – unen kang wis ajeg panganggone, mawa teges entar,
tetembungan wantah, ora ngemu surasa umpama utawa pepindha. Ukara paribasan
kena diarani ukara entar amarga wis
ajeg, ukara paribasan ora kena diowahi, umpamane ora kena diganti tembung liya
utawa dikramakake.
Tuladhane
:
·
Adigang, adigung, adiguna. ( wong kang
ngendelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapinterane ).
·
Ana catur mungkur. ( ora gumun marang gunem kang
kurang prayoga dirungu ).
·
Anak polah bapa kepradhah. ( menawa anak
tumindak ora prayoga wong tuwa mesthi melu ngrasakake. Pradhah = dhadhag, tatag
tanggon )
·
Busuk ketekuk, pinter keblinger. ( wong bodho
kerep nemu cilaka merga bodhone, semana uga wong pinter sok kena ing apus merga
kurang prayitna ).
·
Demit ora ndulit, setan ora doyan. ( tansah
slamet kali sing sambikala, kabeh godho rencana ora tumama ).
·
Durung ilang pupuk lempuyange. ( isih bocah banget ).
·
Yetna yuwana lena kena. ( sapa ngati – ati kali
sing bilai sapa cilaka bakal cilaka ).
·
Kuncung nganti gelung. ( wiwit isih bocah nganti
tuwa ).
·
Njajah desa milang kori. ( lunga teka ngendi
–endi prasasat saben lawanging omah sileboni ).
·
swarga nunut neraka katut. ( kabegjane wong wadon
iku mung gumantung bojone )
BAB III
PENUTUP
3.1 Dudutan
Unsur – unsur estetik mau pancen dadekake karya sastra Jawa
saya regeng lan moncer ing ukarane, kajaba iku akeh – akehe karya sastra Jawa
nggunakake unsur – unsur estetik mau kaya kang wis disebutake ana ing makalah iki. Yen
dipriksani purwakanthi iku pancen
digunakake kanggo mangun karya sastra Jawa supaya tambah endah lan luwih moncer
ukara – uakarane kaya tuladha – tuladha kang ana ing bab II mau, lan meh kabeh
karya sastra nggunakake purwakanthi kanggo ngrakit ukara – ukarane. Semana uga
pepindhan uga akeh kang nggunakake luwih
– luwih pawongan kang kadhawuhan dadi panyandra ing upacara penganten adat
Jawa, lan dienggo ing ukara – ukara liyane. Paribasan Basa Jawa iku biyasane
digunakake dening para tiyang sepuh Jawa kanggo paring piwulang marang putra –
putrine. Dadi unsur – unsur mau pancen raket banget gegayutane karo karya
sastra Jawa.
KAPUSTAKAN
Adi, Cipto. Tanpa Tahun. Pepak Kasusastran Basa Jawi.
Murwanto, Sri Hono. 2007. Sesorah Pranatacara Tuwin Pamedhar Sabda.
Yogyakarta : Absolut.
Ngafenan, Muhamad. 1995. Kasusastran Jawi lan Kawruh Basa Rujak Wuni.
Solo : CV. Aneka.
Subalidinata, R. S. 1968. Sarining Kasusastran Djawa. Yogyakarta : PT. Jaker.
Suwanto. 2007. Basa Tuwin Sastra Jawi. Temanggung : Permadani Kabupaten Temanggung
Bergada XIII
Tidak ada komentar:
Posting Komentar