Sabtu, 27 April 2013

MAKALAH PURWAKA




BAB I
PURWAKA


1.1  Latar Belakang
Karya sastra Jawa iku mesthi wae duweni unsur – unsure estetik kang mangun karya sastra iku. Banjur apa wae unsur – unsur estetik kang mangun karya sastra Jawa iku ?. Yen dipriksani  karya sastra Jawa awujud  gancaran utawa puisi iku akeh – akehe nggunakake unsure –unsur estetik supaya tambah endah lan moncer ukarane lan yen ing geguritan utawa ing tembang  mesthi wae nggampangake anggone ngapalake.
unsur – unsur karya sastra Jawa iku akeh banget umpamane : Purwakanthi, pepindhan, sanepa, isbat, paribasan, bebasan, saloka, candra, pralambang, basa blenderan, basa prenesan (hiasan) lan basa rinengga, kabeh mau biyasane kadhapuk neng Bagunan Basa. Nanging unsur – unsur estetik mau ora bisa dirembug kabeh ing makalah iki, ing makalah iki mung telu kang unsur kang arep dirembug, yaiku Purwakanthi, pepindhan, lan paribasan. Saka telung unsur iku kapantha - pantha manut jinising :
1.      Apa tegese purwakanthi lan ana pira jinising purwakanthi. Banjur purwakanthi biyasane digunakake kanggo apa ?
2.      Apa tegese pepindhan lan jinising pepindhan  ?
3.      Apa tegese pepindhan lan tuladhane apa wae ?
Pitakonan mau kang bakal karembug ing  makalah iki

1.2  Tujuan
Apa ta sing dadi ancase ana ing makalah iki ? sing dadi ancas utawa kang kudu oleh kawigaten kang mirunggan yaiku unsure estetik karya sastra Jawa, jalaran unsur – unsur mau kang bisa gawe endah lan kepenak yen diwaca. Kanthi mengkono yen wis ngerti unsur – unsur kang mangun karya sastra Jawa mau mesthi wae pawongan kang arep miwiti nulis lan nggawe karya sastra Jawa bakal mbumboni karya sastra kang diangget mau nganggo unsur – unsur estetik supayane karyane mau dadi endah.
Muga – muga makalah iki bisa nambah pemahaman ngenani perang – perangane tembung kriya.

BAB II
ISI


2.1   Purwakanthi
         Purwakanthi tembung camboran pamore tembung “Purwa” karo tembung “Kanthi” Purwa tegese wiwitan dene kanthi tegese gandherng.Purwakanthi maksude nggandheng kang kasebat ing purwa (wiwitan).disebut maneh ana ing buri dene kang digandheng lan disebutake maneh ana ing perangan buri yaiku swara, sastra (aksara) utawa basa (tembung). (2007 :74) Padha karo pamanggihe ngatenan (1995:43)  Purwakanthi tegese ngandheng kang wis kasebut ana ing ngarep utawa wiwitan. dene kang digandheng iku swarane,utawa aksarane, terkadang tembunge.
Dadi purwakanthi iku intine/wose nggandheng kang wis di sebutake ning ngarep disebutake maneh ana ing buri.


Subalidinata (1968 : 57) Purwakanthi tegese nggandheng karo ngarep. kang dikarepake, purwakanthi yaiku gandhenging swara buri karo swara kang wis kacetha ing ngarep.
Purwakanthi iku kegolong dadi telu yaiku

2.1.1   Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang nunggal swara, purwakanthi guru swara akeh kanggone kaya ana ing paribasan, saloka, cangkriman, lelagon, wangsalan, parikan, geguritan, ing panyandra, ing basa panatacara tuwin pamedhar sabda,lan liyane isih  akeh maneh (biyasane yen purwakanthi guru swara iku  kang padha swara vocal) tuladhane :

2.1.1.1  Ing paribasan.
·         Entek golek kurang amek (nunggal swara ek)
·         Tuna satak (dhuwit ),bati sanak (padha swara ak)

2.1.1.2  Ing Saloka
·         kutu marani sunduk
·         Gajah ngidhak rapah (Wong kang nglanggar marang wewalere dhewe)
·         Asu gedhe menang kerahe ( wong  kang gedhe penguasane yen prakaran karo                                                                                                                                                               wong cilik,racage menang sing gedhe anarga kuwasa).

2.1.1.3 Ing Cangkriman
·         Gajah nguntal sangkrah. Luweg, keren (pawon)
·         Sawah rong kedhok, galengane sitok (godhong gedhang)
·         Pak Demang klambi abang, disunduk manthuk-manthuk (jantung kembang gedhang)

2.1.1.4 Ing Lelagon
Lelagon dolanan bocah –bocah ,kabeh isi purwakanthi guru swara kayata menthong-menthong, kembang jagung,kupu kuwe, manuk-manuk dipanasi lan sapanunggalane .Kajaba iku lagu-lagu campursari uga akeh kang nganggo purwakanthi guru swara ,kaya lagune Didi kempot kang judule Sekonyong-konyong koder
·         Cintaku sekonyong-konyong koder, karo kowe cah ayu sing bakul lempar,lempere pancen super,resek tur anti laler,yen ra pethuk neng ati rasa blinger.

2.1.1.5  Ing Wangsalan
·         Rambut lati, peken alit pinggir kali. (rawis warung) aja awis,sinau yen during waris
·         Suryaputra, tawon alit mungguwing krisma(Karna,tutur) waspadakna ditutur tumrap wong mudha.

2.1.1.6 Ing Parikan
·         Kembang adas, sumber tengahing alas,tuwas-tuwas,ngalabuhi wong ora waras.
·         Rujak dhondhong pantes yen wadahi lodhong, ati njontong ngenteni wong ora condhong.
·         Plesir sore dina minggu, ngeser kowe ora kewetu.

2.1.1.7  Ing geguritan
       Kaanan jaman saiki
       Sifat pemudha-mudhi
       Srawungane saya ndadi                           ( nunggal swara “i” )
       Raket wewekane sepi
       Tan kadi jaman nguni
       Srawung sarwo ati-ati
       Yen nganut wasiteng kuna
       Priya srawung lan wanita
       Nerak ing laku susila                                ( nunggal swara “ a” )
       Temah darbe jeneng ala
       Wasanane tibeng papa
                                
2.1.1.8   Ing Payandra
·         Tindakipun risang penganten putri, ginarubyuk dening para remaja putri, satuhu sulistiya ing warni, ingkang ngaggem busana sarwa sami, lamun cinandra pindha kirabing para hapsari.

2.1.1.9  Ing Basa Panatacara Tuwin Pamedharsabda.
·         Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula, jejering titah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang maha Kuwasa, awit sangking punika sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja – puji syukur sahandhap pepadhaning Gusti ingkang murba ing dumadi…………….

2.1.2  Purwakanthi Guru Sastra.
      Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi kang nunggal sastra. Tuladhane :

2.1.2.1 Purwakanthi guru sastra ing ukara
·         Madat, madon, main, mangan, minum, menawa die mi – emi mesthi munggel luhuring dhiri. (nunggal sastra “m”)
·         Kanthi titis, tatas, tetes, terang, tarwaca menggah atur pangandikanipun Bp Lurah kinarya pangarsaning praja. ( nunggal sastra “t” )
·         Pamilihmu wanita kang nedya kaalap, kanthi ngelengana bobot, bibit, bebet. ( nunggal sastra “b” )
·         Wong urip iku kudu tegen, regen, lan mugen. ( nunggal sastra “g”)
·         Dewi wara Sambadra polatane ruruh, tindak tanduke sarwa rereh, ririh angarah – arah. ( nunggal sastra “r” )
·         Aku ora cocog, yen kowe seneng nacad cirining liyan ( nunggal sastra “c”

2.1.2.2 Purwakanthi guru sastra sinawung ing tembang.
·         Mijil ( Srikandhi maguru manah )
Toya mijil sangking lambung wukir, gumrojong toyanjog, (nunggal sastra “J”)
tirta jroning jurang gumarenjeng, lir tinalang kekalihe mili ( nunggal sastra g )
tetilase limit, lelumute lunyu. ( nunggal sastra “l” )
·         Wirangrong
Karerantan rontang – ranting ( nunggal sastra “t” )
Rentenging tyas gung katongton ( nunggal sastra “g” )
Katetangi panggrantesing kalbu ( nunggal sastra “g” )
Brantaning tyas kadi ( nunggal sastra “t” )
Narawung kawistara
Surem kucem kang wadana

2.1.3  Purwakanthi Guru Basa utawa Lumaksita
   Purwakanthi guru basa utawa lumaksita yaiku purwakanthi kang nunggal basa ( tembung ). Purwakanthi guru basa sok tinemu ing wangsalan lan ing cakepan tembang, tembang kang cakepane mawa purwakanthi basa njalari kepenak dirungokake lan gampang diapalake. Miturut pamanggihe Subalidinata ( 1968 : 62 )
Purwakanthi lumksita ateges lumaku, ing kene tembung – tembung utawa ukara buri runtut karo tembung – tembung ngarepe. Runtute tembung ora mesthi satembung wutuh, kadang kala mung saperangan utawa sawanda bae, mila ukarane uga katon runtut lan sambung – sinambung kepenak dirungokake.
Tuladhane :

2.1.3.1   Purwakanthi guru basa ing wangsalan.
·         Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (kumada, iket ) para mudha ngudia angiket basa
·         ngreka puspa, puspa nedheng mbabar gandha. (nggubah, mekar) nggubah basa, mrih mekar landheping rasa.
·         sayeng kaga, kaga kresna mangsa sawa. ( ……, gagak) wong susila lagake anuju prana.
·         mong ing tirta, tirta wijiling sarira. ( baya, kringet ) sapa baya, banget ngudi basa Jawa

2.1.3.2. Purwakanthi guru basa sinawung ing tembang
·         Dolanan bocah
Tanggal siji, jiman tholo, lobaklopis, pistaraja, joko bagus, gusti kula, lombok abang, bangku dhuwur, wura- wuri, rina wengi, ngidul ngulon, landa mendem, demakijo, jothakanka, kulan kana.
·         Dandhanggula.
Sasmitaning ngaurip puniki
Apan ewuh yen nora weruha
Tan jumeneng ing uripe
Akeh kang ngaku – aku
Pangrasane sampun udani
Tur durung weruh ing rasa
Rasa kang satuhu
Rasaning rasa punika
Upayanen darapon sampurna ugi
Ing kauripanira
  
2.2   Pepindhan
Tembung pepindhan asale saka tembung lingga  “pindha” dumadine tembung pepindhan sarana dirangkep purwane lan oleh panambang –an. Tembung pindha tegese kaya, dasanamane : kadi, kadya, lir, pendah, yayah. Tembung pepindhan ateges irib – iriban emper –emperan, pepadhan tetandhingan, dadi kang diarani pepindhan yaiku unen – unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa irib – iriban, emper – emperan, pepadhan, utawa tetandhingan. Dene ngafenan. ( 1995 : 30 ) mertelakake yane pepindhan iku unen – unen kang ngemu surasa pepadhan utawa emper – emperan.
Pepindhan ana kang kadhapuk nganggo ukara kang mawa tembung pindha utawa dasanamane, ana kang tanpa tembung pindha utawa dasanamane nanging ukara iku ngemu surasa irib – iriban, emper – emperan, pepadhan utawa tetandhingan.

2.2.1  Pepindhan Mawa Tembung Pindha utawa Dasanamane
·         kuwating manunggal tekade priyagung telu (dokter Cipta Mangun Kusuma, R. M Suryadi suryaningrat, lan dokter Douwes Dekker / Setya Budi ) pindha jaget kinatelon.
Janget  = tali walulang, kinatelon  = dirangkep telu        
·         Swarane kaya mbelah – mbelahna bumi, sasat manengker wiyat. ( manengker linggane tengker = mbelah, nyigar. Wiyat = awiyat, langit
·         Rupane kaya jambe siniga. ( yaiku rupa utawa praen kang meh padha, nganti angel dipisahake )
·         Pasedulurane kaya banyu karo lenga. ( banyu karo lenga iku ora bisa campur, yen diwadhahi ana ing gendul umpamane banyu ana ing ngisor lengane ana ing dhuwur ateges pasedulurane aora bisa raket utawa akur )
·         Rukune kaya mimi lan mintuna. ( mimi lan mintuna iku bangsane kewan segara , mimi iku wadon dene mintuna iku kang lanang, yen sesaba prasasat ora tau renggang sajari, pepindhane iku ateges raket utawi sajuk banget ).     

2.2.2  Pepindhan Mawa Tembung Andhahan kang ngemu surasa pindha.
·         Brengose Werkudara nguler keket, brengose Dursasana ula ngelangi, dene brengose Hitler nglaler mencok. (kaya uler keket, kaya ula ngelangi, kaya laler lagi menclok ).
·         Dedege ngringen sungsang. ( dedege kaya wit wrigin disungsang ( diwalik) yaiku kahananing awake  perangan ngisor ( wiwit saka bokong ) njebobog gedhe, perangan sing ndhuwur cilik.
·         Dewi Anjani tapa nyanthuka. ( kaya canthuka, kaya kodhok, maksude dhepepes ing dhampeng ).
·         Jarite suwek nyangkem kodhok. ( suweke awangun kaya cangkem kodhok  yaiku awangun maju telu ).
·         Kerise awarangka gayaman. ( wangune kaya woh gayam )
·         Parine wis gumadhing. ( warnane putih semu kuning kaya warnane gadhing gajah )

2.2.3  Pepindhan tanpa tembung pindha
·         Wangsulane saur manuk. ( wangsulane wong akeh swarane mung sawerna ora bebarengan, kayata kabeh mangsuli nggih, nggih….utawa sendika, sendika…..)
·         Garasi iku akeh kang awangun gedhang salirang. ( mung mawa empyak siji asaka papat ).
·         Gawe nam – naman menyan kobar iku ora angel. (menyan kobar  = nam – naman awarna kaya menyan kobong yaiku ireng lan putih, kang lumrah dienam menyan kobar yaiku rana (aling – aling ) lan patang aling ).
·         Keris nganggo kembang kacang lan lambe gajah. ( Kembang kacang                         = rerengan wilahan keris awangun kaya kembang kacang. Lambe gajah = rerengan wilahan keris awangun kaya lambe gajah ).

2.3  Paribasan.
Paribasan yaiku unen – unen kang wis ajeg panganggone, mawa teges entar, tetembungan wantah, ora ngemu surasa umpama utawa pepindha. Ukara paribasan kena diarani ukara entar amarga wis ajeg, ukara paribasan ora kena diowahi, umpamane ora kena diganti tembung liya utawa dikramakake.
Tuladhane :
·         Adigang, adigung, adiguna. ( wong kang ngendelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapinterane ).
·         Ana catur mungkur. ( ora gumun marang gunem kang kurang prayoga dirungu ).
·         Anak polah bapa kepradhah. ( menawa anak tumindak ora prayoga wong tuwa mesthi melu ngrasakake. Pradhah = dhadhag, tatag tanggon )
·         Busuk ketekuk, pinter keblinger. ( wong bodho kerep nemu cilaka merga bodhone, semana uga wong pinter sok kena ing apus merga kurang prayitna ).
·         Demit ora ndulit, setan ora doyan. ( tansah slamet kali sing sambikala, kabeh godho rencana ora tumama ).
·         Durung ilang pupuk lempuyange. (  isih bocah banget ).
·         Yetna yuwana lena kena. ( sapa ngati – ati kali sing bilai sapa cilaka bakal cilaka ).
·         Kuncung nganti gelung. ( wiwit isih bocah nganti tuwa ).
·         Njajah desa milang kori. ( lunga teka ngendi –endi prasasat saben lawanging omah sileboni ).
·         swarga nunut neraka katut. ( kabegjane wong wadon iku mung gumantung bojone )

BAB III
PENUTUP


3.1  Dudutan
Unsur – unsur estetik mau pancen dadekake karya sastra Jawa saya regeng lan moncer ing ukarane, kajaba iku akeh – akehe karya sastra Jawa nggunakake unsur – unsur estetik mau kaya kang wis disebutake ana ing makalah iki. Yen dipriksani  purwakanthi iku pancen digunakake kanggo mangun karya sastra Jawa supaya tambah endah lan luwih moncer ukara – uakarane kaya tuladha – tuladha kang ana ing bab II mau, lan meh kabeh karya sastra nggunakake purwakanthi kanggo ngrakit ukara – ukarane. Semana uga pepindhan uga akeh  kang nggunakake luwih – luwih pawongan kang kadhawuhan dadi panyandra ing upacara penganten adat Jawa, lan dienggo ing ukara – ukara liyane. Paribasan Basa Jawa iku biyasane digunakake dening para tiyang sepuh Jawa kanggo paring piwulang marang putra – putrine. Dadi unsur – unsur mau pancen raket banget gegayutane karo karya sastra Jawa.


KAPUSTAKAN
                                                                                    

Adi, Cipto. Tanpa Tahun. Pepak Kasusastran Basa Jawi.
Murwanto, Sri Hono. 2007. Sesorah Pranatacara Tuwin Pamedhar Sabda. Yogyakarta : Absolut.
Ngafenan, Muhamad. 1995. Kasusastran Jawi lan Kawruh Basa Rujak Wuni. Solo : CV. Aneka.
Subalidinata, R. S. 1968. Sarining Kasusastran Djawa. Yogyakarta : PT. Jaker.
Suwanto. 2007. Basa Tuwin Sastra Jawi. Temanggung : Permadani Kabupaten Temanggung Bergada XIII
        
            DOWNLOAD NOW
           
comments

Tidak ada komentar:

Posting Komentar